Gunungkidul media binanguncemerlangtv.co.id, siaran bahasa Jawa, Padukuhan pringombo ing kalurahan Natah Kapanewon Nglipar Gunungkidul duweni papan kanggo wisata religi lan wisata panorama alam sik edi banget biso nyenegke pikir lan bisa kanggo nggugah kahanan potensi deso ing pegunungan.
Ono ing puncak gunung sumilir ini ono makam pangeran purbukusumo lan purposejati ugo makam syeh ibrahim sik biyen ono gegayutane karo kraton majopahit lan kraton ngayogyokarto.. Lokasi ini duweni ketinggian 800 dpl seko duwur banyu laut lan lokasi biso kanggo delok pemandangan alam sik apik banget.
Lokasi wis kawentar kanggo wisata religi lan sejarah lan wis ora kapetung wong wong gede lan pinunjul dho teko ing lokasi ini tanpo wayah. Arepo nggone nang pucuk gunung kasunyatan dari piandeli wong pring ombo dari ngobarake papan wisoto. Dino Rebu kliwon awan tanggal 12 juni rong ewu pat likur ing papan iki anakke acoro kenduren ing komplek makam puncak sumlir.
Lan ing Dino kamise tangal 13 panewu, nglipar rawuh ing lokasi, di kancane karo banbinkantibmas, lan babinsa kalurahan natah. Poro wargo pring ombo lan sak kiwotengene, sin sak durune duwe nadzar utowo janji marang pibadine kanggo gayuh kesuksesan,
lan biso di kabulke karo sing kuwoso gusti alloh tangalah, mulo yen pringombo ngepaske acara nyadaran besaran ing tahun iki mulo podo nggowo ayam panggang jowo nang papan sumilir lan di edum edum pinongko sedekah dan nyukuri nadar kasebut sing wis di lakoni lan di kangsilke karo Sing Moho kuoso.
Dukuh pringombo Ristadi Naliko di takoni babakan acara adat iki wenehi kabar yo iku, nyadaran di laksanane setahun sepisan lan tepate bar panen, ing tahun rongewu patlikur iki pas wulan besaran.
Dukuh nambahake, tujuane nyadran sing wis kacipto dening simbah leluhur deso, wis turun temurun terus di lestarekake, lain tahun ngarep rencanane di gawe luwih meriah.
Suparyanto tokoh deso ugo seksi pemerintahan kalurahan Natah paring pangandikan lokasi iki arep di toto ngaggo peraturan sing wis dicepake karo panjengan bopo lurah lan Bamuskal karepe ben duwe payung hukum babakan pariwosotoalam, umkm, wisata religi ben biso ningkatke pendapatan wargo lan pendpatan asli desa utowo PAD. ‘Fai/nur
Penampilan tarian puji astuti pada Natalan Bersama ASN, TNI-Polri, DPRD dan BUMN-BUMD
Bantul 2025 Bantul - binanguncemerlangtv.co.id, Keluarga besar para…