Latest News
  • SELAMAT DATANG DAN KAMI UCAPKAN TERIMKASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA DI WWW.BINANGUNCEMERLANGTV.CO.ID, KLIK JUGA  CANEL BINANGUN CEMERLANGTV.

Siaran Jawa Hasil Pelantikan Bamuskal Tirtomulyo Krretek Bantul 2024


Bantul media binanguncemerlangtv.co.id. lurah Tirtomulyo Kapanewon Kretek, Ridwan Anas ngundang anggota Badan Permusyawaratan kalurahan ingkang nembe dipun resmek aken kangge nyengkuyung soho biyantu mujutaken Visi Misi Tirtomulyo. Inggih meniko Tirtomulyo Maju Sejahtera lan Religius.

Bab meniko dipun Biwara aken dening bapak lurah Tirtomulyo, Ridwan Anas. naliko wonten ing Pelantikan Anggota Badan Permusyawaratan kalurahan masa jabatan rong ewu pat likur tekan rong ewo telung puluh.

Janji Sumpah meniko dipunlantik dening Panewu Kretek Cahya Widada S. Sos MH ing Balai Deso, Kemis tanggal papat januari rong ewu pat likur.

Lurah Tirtomulyo ugi ngaturaken sugeng tanggap warsa kagem poro anggota Bamuskal ingkang sampun dilantik. Kajobo iku, piyambake ugo matur nuwun marang anggota Bamuskal lawas. Sing wis dilayani kanthi lancar ing periode rong ewu wolulas tekan rong ewu pat likur.

Dene seratan pangandikan saking Bupati Bantul ugi dipun waos dening Panewu Kretek Cahya Widada, ingkang minangka wakil Pemerintah Kabupaten Bantul, sami ngaturaken sugeng tanggap warsa dhumateng para anggota bamuskal ingkang nembe dipun angkat ing taun rong ewu pat likur tekan rong ewo telung puluh.

Wisudo anggota Bamuskal dipun karepaken ora mung upacara lan formalitas. Nanging iki minangko wiwitan melu mbangun bebarengan kanggo ngawasi kemajuan pembangunan ing Tirtomulyo lan Bantul kasebut.

Makaten dawuhe Bupati. Kejobo soko iku, anggota Bamuskal yo kudhu bisa dadi mitra aktif lan konstruktif sakjrone nglurusake kawicaksanan lan biyantu nyusun program ing rencana pembangunan ing kabupaten lan ngawasi lakune pembangunan.

Mulo Bamuskal iku ora mung dadi jabatan kehormatan, nanging uga duwe tanggung jawa melu majokake sakjrone ngleksanakake pembangunan sing sak trep karo Visi lan Misi Deso. Panewu Kretek nambahake.

Bamuskal sing anyar mau kuwi kudhu biso mangerteni tugas lan fungsine ben cocok karo peraturan perundang-undangan sing ditrapake. supoyo kabeh biso lumaku kanthi becik.

Ngene poro dulur Mas Gino ngabarke seko bantul. media binangun cemerlang tv.co.id. terus dadi konco kenthel melu mbangun deso. Yen Deso panjenengan wonten kabar sik sae monggo ngabari dateng redaksi, matur nuwun.

Berita Terkait


Tidak Ada Komentar


Tinggalkan Komentar


*) Wajib Diisi